Ayub 5:1-27

  • Èlifaz neruské omongané (1-27)

    • ’Gusti Allah njebak wong wicaksana nganggo rencana liciké wong-wong kuwi dhéwé’ (13)

    • ’Ayub kuduné ora nolak naséhaté Gusti Allah’ (17)

5  ”Nèk kowé njaluk tulung, apa ana sing bakal njawab? Malaékat endi sing arep mbok jaluki tulung?   Rasa nesu isa nggawé wong sing bodho mati. Rasa iri isa nggawé wong sing gampang diapusi mati.   Aku wis tau ndelok wong bodho sing uripé dadi makmur,Ning ujug-ujug panggonané kena bencana.   Anak-anaké ora slamet. Wong-wong kuwi ora éntuk keadilan ing gerbang kutha+ lan ora ana sing nulungi.   Dhèwèké sing manèn tapi hasilé dipangan wong sing ngelih,*Malah wong kuwi ya njupuk sing thukul ing antarané semak berduri. Barangé lan barangé anak-anaké dijupuk wong.   Kabèh sing nggawé sengsara ora metu saka debu,Masalah ora metu saka lemah.   Uripé manungsa mesthi ana masalah,Kaya geni sing mesthi isa ngobong.   Nèk aku dadi kowé, aku bakal njaluk tulung marang Gusti Allah,Lan aku bakal nyerahké masalahku marang Gusti Allah,   Marang Dhèwèké sing nindakké apa sing hébat lan angèl dipahami,Lan sing tumindaké luar biasa lan ora isa diétung. 10  Dhèwèké mènèhi udan ing bumiLan nyirami ladhang-ladhang. 11  Dhèwèké ngunggulké wong sing dianggep rendhah,Dhèwèké nylametké wong sing ora semangat. 12  Dhèwèké nggagalké rencanané wong sing licik,Bèn kabèh sing ditindakké wong kuwi ora berhasil. 13  Dhèwèké njebak wong sing wicaksana nganggo rencana liciké wong-wong kuwi dhéwé,+Bèn rencana-rencanané wong kuwi ora kelakon. 14  Wong-wong kuwi kaya ana ing petengan wektu awan,Lan wong-wong kuwi kaya wong sing nggolèki barang ing petengan. 15  Dhèwèké nylametké wong saka omongané wong jahat sing kaya pedhang,Nylametké wong sing mlarat saka tangané wong sing kuwat, 16  Bèn wong sing dianggep rendhah nduwé harapan,Ning lambéné wong sing ora bener dibungkem. 17  Wong sing disenèni Gusti Allah kuwi bahagia. Mula, aja nolak naséhaté Gusti Allah. 18  Dhèwèké isa nggawé luka, ning Dhèwèké nggawé luka kuwi diperban. Dhèwèké isa nggawé wong-wong luka, ning Dhèwèké nambani nganggo tangané dhéwé. 19  Dhèwèké bakal nylametké kowé saka enem bencana,Malah kowé ora bakal kena bencana sing kepitu. 20  Wektu ana kelaparan, Dhèwèké bakal nylametké* kowé bèn ora mati,Lan wektu perang, Dhèwèké bakal nylametké kowé saka pedhang. 21  Kowé bakal dilindhungi saka omongan sing nglarani ati,+Lan kowé ora bakal wedi wektu ana bencana. 22  Kowé ora bakal kuwatir wektu ana kesusahan lan kelaparan,Lan kowé ora bakal wedi karo kéwan buas. 23  Ladhangmu ora bakal kebak watu,*Lan kowé bakal rukun karo kéwan buas. 24  Kowé yakin nèk kowé bakal aman ing kémahmu,Lan wektu kowé ndelok padhang rumputmu, ternakmu ora ana sing ilang. 25  Kowé bakal nduwé anak akèh,Lan keturunanmu bakal akèh banget kaya tanduran ing bumi. 26  Awakmu bakal isih kuwat wektu kowé mati,Kaya gagangé gandum sing dipanèn pas musimé. 27  Kabèh kuwi wis tak selidiki, lan kuwi pancèn bener. Pikirna iki lan buktèkna dhéwé.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”luwé”.
Lit.: ”nebus”.
Utawa ”Watu-watu ing ladhang bakal nggawé perjanjian karo kowé”.