Purwaning Dumadi 28:1-22
28 Ishak ngundang* Yakub, mberkahi dhèwèké, lan ngandhani dhèwèké, ”Aja nikah karo wong wédok Kanaan.+
2 Kowé kudu lunga menyang Padan-aram, ing omahé Bètuèl simbahmu, lan kowé kudu nikah karo salah siji anaké wédok Laban+ pakdhému.
3 Gusti Allah sing Mahakuwasa bakal mberkahi kowé lan nggawé keturunanmu dadi akèh banget, lan keturunanmu mesthi bakal dadi bangsa sing gedhé.+
4 Gusti Allah bakal mènèhi kowé lan keturunanmu* berkah sing dijanjèkké marang Abraham.+ Senajan saiki kowé dadi wong asing ing tanah iki, kowé bakal nduwèni tanah iki, sing wis diwènèhké Gusti Allah marang Abraham.”+
5 Mula, Ishak ngongkon Yakub lunga. Terus, Yakub lunga menyang Padan-aram merga arep nemoni Laban anaké Bètuèl wong Aram,+ kakangé Ribka. Ribka+ kuwi ibuné Yakub lan Ésau.
6 Ésau ndelok nèk Ishak mberkahi Yakub lan ngongkon Yakub lunga menyang Padan-aram bèn nggolèk bojo ing kana. Ésau ngerti nèk Ishak mberkahi Yakub lan nglarang Yakub nikah karo wong wédok Kanaan.+
7 Ésau ya ngerti nèk Yakub manut karo bapak ibuné lan mangkat menyang Padan-aram.+
8 Akhiré, Ésau ngerti nèk Ishak ora seneng karo wong wédok Kanaan.+
9 Mula Ésau nemoni Ismaèl, anaké Abraham. Ésau nikah karo anaké Ismaèl sing jenengé Mahalat, adhiné Nébayot, senajan Ésau wis nduwé bojo loro.+
10 Yakub mangkat saka Béèr-syéba lan lunga menyang Haran.+
11 Sakwisé matahari terbenam, Yakub nemokké panggonan kanggo turu. Dhèwèké njupuk watu, terus watu kuwi didadèkké bantal.+
12 Bar kuwi, Yakub ngimpi. Yakub ndelok ana undhak-undhakan ing bumi lan pucuké tekan langit. Malaékat-malaékaté Gusti Allah munggah mudhun ing undhak-undhakan kuwi.+
13 Yéhuwah ana ing pucuké undhak-undhakan kuwi lan kandha,
”Aku Yéhuwah Gusti Allahé Abraham simbahmu lan Gusti Allahé Ishak.+ Tanah sing dadi panggonanmu turu iki bakal Tak wènèhké marang kowé lan keturunanmu.*+
14 Keturunanmu* mesthi bakal dadi akèh banget kaya pasir ing bumi+ lan bakal nyebar menyang lor, kidul, wétan, lan kulon. Kabèh bangsa ing bumi mesthi bakal diberkahi liwat kowé lan keturunanmu.*+
15 Ing endi waé kowé lunga, Aku bakal ndhukung lan nglindhungi kowé. Aku bakal nggawa kowé bali ing tanah iki.+ Aku ora bakal ninggalké kowé nganti janji-Ku marang kowé Tak tepati.”+
16 Terus Yakub tangi lan kandha, ”Jebulé Yéhuwah ana ing kéné. Aku lagi ngerti.”
17 Yakub dadi wedi lan kandha, ”Panggonan iki luar biasa. Iki mesthi omahé Gusti Allah,+ lan iki gerbangé swarga.”+
18 Terus, Yakub tangi ésuk-ésuk lan njupuk watu sing mauné didadèkké bantal. Watu kuwi didèlèhké ing lemah lan didadèkké tandha pangéling-éling, terus Yakub ngesokké minyak ing ndhuwuré.+
19 Yakub njenengi panggonan kuwi Bètel.* Mauné kutha kuwi jenengé Luz.+
20 Terus Yakub janji, ”Nèk Gusti Allah mbantu lan nglindhungi aku saksuwéné perjalananku lan mènèhi aku panganan* lan klambi,
21 terus aku slamet tekan omahé bapakku, berarti Yéhuwah kuwi pancèn Gusti Allahku.
22 Watu sing tak dadèkké tandha iki bakal dadi omahé Gusti Allah,+ lan aku mesthi bakal mènèhi Gusti Allah sepersepuluh saka kabèh sing wis diwènèhké Gusti Allah marang aku.”
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”nyeluk”.
^ Lit.: ”benihmu”.
^ Lit.: ”benihmu”.
^ Lit.: ”Benihmu”.
^ Lit.: ”benihmu”.
^ Artiné ”Omahé Gusti Allah”.
^ Lit.: ”roti”.