BAB 18
”Nggolèki Gusti Allah” lan ”Nemokké Gusti Allah”
Pas nginjil, Paulus nggolèki persamaan lan topik sing menarik
1-3. (a) Apa sing marahi Paulus jèngkèl wektu ing Athéna? (b) Awaké dhéwé bakal sinau apa saka pengalamané Paulus?
PAULUS tekan ing kutha Athéna ing Yunani. Kutha Athéna kuwi pusat pendidikan. Ing kono ana guru-guru Yunani sing terkenal, kaya Sokrates, Plato, lan Aristoteles. Wong-wong Athéna rajin ngibadah. Ing kuil-kuil, alun-alun, lan dalan-dalan ana patung déwa-déwa sing disembah wong-wong Yunani. Pas ndelok kuwi Paulus dadi jèngkèl banget. Paulus ngerti Yéhuwah ora seneng nèk wong-wong nyembah patung. (Pa. 20:4, 5) Kaya Yéhuwah, Paulus ya ora seneng ndelok wong-wong nyembah patung.
2 Pas arep mlebu ing pasar, sing ya disebut agora, Paulus kagèt banget. Ing sebelah barat laut, cedhak dalan mlebu pasar ana patung-patung sing nduduhké alat kelaminé Déwa Hèrmes. Ing kono ya ana akèh kuil-kuil. Piyé carané Paulus nginjil karo wong sing akèh-akèhé nyembah patung kaya ngono? Meskipun Paulus jèngkèl wektu ndelok wong-wong ing Athéna nyembah patung, apa Paulus isa nggolèki persamaan antarané kepercayaané wong-wong kuwi karo wulangané Kitab Suci? Apa dhèwèké isa mbantu wong-wong ing kono kenal karo Gusti Allah sing bener?
3 Ing Kisah 17:22-31, awaké dhéwé bakal sinau piyé carané Paulus nginjil karo wong-wong Athéna sing pendidikané dhuwur lan piyé carané Paulus nggawé wong-wong yakin karo wulangan sing bener. Awaké dhéwé ya isa niru Paulus sing ngati-ati pas nginjil, nggolèki persamaan antarané kepercayaané wong sing dikabari karo wulangané Kitab Suci, nggolèk topik sing menarik, lan ngejak mikir wong sing dikabari.
Mulang ”ing Pasar” (Kis. 17:16-21)
4, 5. (a) Ing Athéna, Paulus nginjil ing endi? (b) Sapa sing ditemoni Paulus?
4 Paulus ngunjungi Athéna pas perjalanan utusan injilé sing keloro kira-kira taun 50 M. a Karo ngentèni Silas lan Timotius teka mrono, Paulus ”mulai mulang wong Yahudi” ing sinagogé. Terus, dhèwèké ya lunga ”ing pasar” utawa agora. Ing kono dhèwèké ketemu karo wong-wong Athéna sing dudu Yahudi. (Kis. 17:17) Pasar kuwi ana ing barat lauté Akropolis lan luasé limang héktar. Pasar kuwi ora mung kanggo dagang thok. Ana ahli sing nulis nèk pasar kuwi ”pusaté perdagangan, pamréntahan, lan kebudayaan ing kutha kuwi”. Wong-wong Athéna seneng ngumpul lan sinau bareng ing kono.
5 Paulus mesthi ora gampang nginjil ing pasar kuwi. Ing kono ana akèh wong, termasuk wong-wong sing sekolah filsafat Yunani, yaiku pengikuté Èpikuros lan pengikuté Stoa. b Pengikuté Èpikuros percaya nèk kabèh sing ana ing alam semesta ujug-ujug ana dhéwé. Iki ajarané meréka, ”Ora usah wedi karo Gusti Allah, wong mati ora isa ngrasakké apa-apa, kudu apikan, lan wong sing jahat bakal nanggung akibaté.” Pengikuté Stoa percaya nèk sing paling penting kuwi nduwé pengetahuan sing akèh. Pengikut Èpikuros lan pengikut Stoa padha-padha ora percaya nèk wong mati isa diuripké manèh. Makané, ajarané meréka béda banget karo wulangan sing bener sing disampèkké Paulus lan murid-muridé Yésus.
6, 7. (a) Pas krungu sing diwulangké Paulus, piyé tanggepané wong-wong kuwi? (b) Kaya Paulus, Seksi-Seksi Yéhuwah saiki ngalami apa?
6 Pas krungu sing diwulangké Paulus, piyé tanggepané wong-wong kuwi? Ana wong-wong sing ngomong nèk Paulus kuwi ”tukang ngocèh”. (Deloken keterangan tambahan Kis. 17:18 saka Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru edisi pelajaran.) Ana ahli sing ngomong nèk ing basa Yunaniné, ”istilah kuwi biasané digunakké kanggo nyebut manuk cilik sing njupuk biji-bijian. Terus istilah kuwi ya digunakké kanggo nyebut wong-wong sing njupuk sisa-sisa panganan lan barang-barang sing wis dadi sampah ing pasar. Terus, suwé-suwé artiné yaiku wong-wong sing nggolèk informasi saka endi-endi tapi ora mudheng maksudé”. Intiné wong-wong kuwi nganggep nèk Paulus kuwi wong bodho lan mung niru-niru pendapaté wong liya. Tapi, mengko awaké dhéwé arep mbahas nèk Paulus tetep kendel nyritakké sing bener meskipun disebut tukang ngocèh.
7 Jaman saiki Seksi-Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha. Awaké dhéwé biasané diécé merga percaya Alkitab. Misalé, ana guru-guru sing mulang nèk téori évolusi kuwi bener. Wong-wong sing ora percaya évolusi dianggep bodho. Guru-guru kuwi nggawé wong liya mikir nèk awaké dhéwé kuwi bodho lan ”tukang ngocèh” merga nduduhké bukti-bukti ing Alkitab nèk Gusti Allah kuwi sing nyiptakké kabèh. Tapi, awaké dhéwé tetep kendel nyritakké sing bener merga awaké dhéwé percaya nèk bumi iki diciptakké Yéhuwah, Sang Pencipta.—Why. 4:11.
8. (a) Piyé tanggepané wong-wong liyané sing ngrungokké Paulus? (b) Menurut wong-wong, kétoké Paulus digawa ing Aréopagus sing endi? (Deloken cathetan ngisor.)
8 Wong liyané sing ngrungokké Paulus ngomong, ”Kétoké dhèwèké martakké soal déwa-déwa liya.” (Kis. 17:18) Apa Paulus mémang nyritakké soal déwa-déwa liya karo wong-wong ing Athéna? Tudhuhan kaya ngono isa marahi masalah, soalé mbiyèn tau ana wong sing jenengé Sokrates sing diadili lan dipatèni merga ditudhuh nyritakké soal déwa-déwa liya. Mula Paulus digawa ing Aréopagus, terus ing kono Paulus dikongkon nyritakké apa sing dhèwèké wulangké ing pasar. c Lha terus piyé carané Paulus njelaské kuwi karo wong-wong sing ora ngerti isiné Kitab Suci?
”Wong-Wong Athéna, Nèk Tak Gatèkké . . . ” (Kis. 17:22, 23)
9-11. (a) Pas nginjil, piyé Paulus nggolèk persamaan lan topik sing cocog? (b) Piyé carané awaké dhéwé isa niru Paulus?
9 Paulus ora seneng ndelok patung-patung sing disembah ing kono, tapi Paulus ora langsung njelaské nèk nyembah patung kuwi salah. Paulus tetep tenang lan ngati-ati. Dhèwèké nggolèki persamaan lan topik sing cocog sing isa ditampa wong-wong ing kono. Paulus ngomong, ”Wong-wong Athéna, nèk tak gatèkké, kowé kuwi dibandhingké karo wong liya kétoké luwih wedi marang déwa-déwa ing kabèh perkara.” (Kis. 17:22) Seolah-olah Paulus ngomong, ’Menurutku kowé kabèh kuwi wong sing rajin ngibadah.’ Paulus muji wong-wong ing Athéna merga meréka rajin ngibadah. Kuwi nduduhké nèk Paulus wicaksana. Dhèwèké ngerti nèk wong-wong ing kono ngibadahé salah, tapi Paulus yakin nèk ing antarané wong-wong kuwi mesthi ana sing rendah hati lan gelem nampa kabar apik. Kenapa Paulus yakin soal kuwi? Soalé mbiyèn Paulus ya ’ora ngerti apa sing ditindakké lan ora nduwé iman’.—1 Tim. 1:13.
10 Terus, Paulus nyebutké buktiné nèk wong-wong Athéna kuwi rajin ngibadah. Misalé, ing Athéna ana mézbah sing tulisané ”Kanggo Gusti Allah sing Ora Dikenal”. Ana sing nulis, ”Wong-wong Yunani lan bangsa-bangsa liyané, biasané nggawé mézbah kanggo ’gusti allah sing ora dikenal’. Meréka nggawé mézbah kuwi merga wedi nèk misalé ana allah utawa déwa liya sing ora disembah lan bakal nesu karo meréka.” Mézbah sing digawé wong-wong Athéna kuwi nduduhké nèk ana Gusti Allah sing ora dikenal wong-wong kuwi. Paulus nggunakké topik soal mézbah kuwi kanggo nyampèkké kabar apik karo wong-wong Athéna. Paulus ngomong, ”Saiki aku arep ngandhani kowé soal Gusti Allah sing mbok sembah ning ora mbok kenal iki.” (Kis. 17:23) Topik iki cocog banget merga Paulus ora nyritakké soal gusti allah sing anyar, utawa déwa-déwa liya kaya tudhuhané wong-wong ing kono. Tapi, Paulus nyritakké soal Gusti Allah sing ora dikenal yaiku Gusti Allah sing bener.
11 Piyé carané awaké dhéwé niru Paulus? Pas nginjil mungkin awaké dhéwé nggatèkké nèk ana tandha-tandha sing nduduhké nèk wong sing ditemoni kuwi rajin ngibadah. Mungkin awaké dhéwé isa ngerti agamané wong kuwi saka barang-barang sing dienggo utawa dipajang ing omahé. Awaké dhéwé mungkin isa ngomong, ’Kétoké njenengan rajin ngibadah ya? Aku seneng ngobrol-ngobrol soal Gusti Allah karo njenengan.’ Sakliyané kuwi, nèk awaké dhéwé ngerti agamané lan kepercayaané wong sing dikabari, awaké dhéwé isa nggolèk persamaan lan topik sing cocog sing isa ditampa wong-wong kuwi. Tapi awaké dhéwé kudu ngati-ati, aja nganti awaké dhéwé langsung ngomong nèk agamané wong kuwi salah. Akèh sedulur-sedulur ing jemaat mbiyèné ya yakin nèk agamané wis bener, padahal sakjané ora.
”Gusti Allah Kuwi Sakjané Cedhak karo Awaké Dhéwé” (Kis. 17:24-28)
12. Paulus nggunakké cara apa waé bèn wong-wong ing kono gelem terus ngrungokké omongané?
12 Pas nginjil, Paulus wis nggunakké persamaan lan topik sing cocog. Tapi, piyé carané bèn wong-wong kuwi gelem terus ngrungokké Paulus? Paulus ngerti nèk wong-wong ing kono sinau filsafat Yunani lan ora ngerti isiné Kitab Suci. Dadi, Paulus nggunakké beberapa cara bèn wong-wong kuwi gelem terus ngrungokké omongané. Pertama, pas mbahas ajarané Kitab Suci, Paulus ora langsung ngutip ayat saka Kitab Suci. Keloro, pas njelaské, Paulus nggunakké kata ”awaké dhéwé”. Kuwi nduduhké nèk Paulus ya padha kaya wong-wong Athéna kuwi. Ketelu, Paulus ngutip tulisané wong Yunani kanggo nduduhké nèk sing diwulangké ya ana ing tulisané wong-wong kuwi. Saiki, ayo nggatèkké omongané Paulus manèh. Paulus nyampèkké wulangan sing bener apa waé soal Gusti Allah sing ora dikenal wong Athéna?
13. (a) Paulus njelaské apa soal alam semesta? (b) Apa pelajaran penting sing disampèkké Paulus?
13 Gusti Allah nyiptakké alam semesta. Paulus ngomong, ”Gusti Allah sing nyiptakké donya sak isiné kuwi, sing ya dadi Gustiné langit lan bumi, ora manggon ing kuil-kuil sing digawé manungsa.” d (Kis. 17:24) Alam semesta iki ora ujug-ujug ana dhéwé. Tapi, Gusti Allah sing bener sing nyiptakké alam semesta iki. (Mzm. 146:6) Dèwi Athéna lan déwa-dèwi liyané kudu digawèkké bait utawa mézbah karo manungsa, tapi Gusti Allah sing Mahakuwasa ora butuh panggonan-panggonan kuwi bèn isa dimulyakké. (1 Raj. 8:27) Paulus nduduhké pelajaran sing penting, yaiku Gusti Allah sing bener luwih unggul timbang patung-patung sing ana ing kuil-kuil gawéané manungsa.—Yés. 40:18-26.
14. Piyé Paulus njelaské nèk Gusti Allah ora butuh apa-apa saka manungsa?
14 Gusti Allah ora butuh apa-apa saka manungsa. Wong sing nyembah patung biasané mènèhi patung kuwi panganan, minuman, klambi sing larang, utawa hadiah sing larang. Seolah-olah patung-patung kuwi mbutuhké kuwi kabèh. Tapi, sing ngrungokké Paulus wektu kuwi ya ana para ahli filsafat Yunani sing percaya nèk Gusti Allah ora butuh apa-apa saka manungsa. Meréka mesthi setuju karo kata-katané Paulus nèk Gusti Allah ”ora butuh diladèni manungsa merga Dhèwèké ora kekurangan apa-apa”. Gusti Allah ora mbutuhké barang-barang saka manungsa, malah Gusti Allah sing mènèhi ”urip lan napas marang kabèh wong. Dhèwèké ya nggawé sakabèhé”. Misalé matahari, udan, lan tanah sing subur. (Kis. 17:25; PD. 2:7) Dadi kesimpulané Gusti Allah kuwi sing mènèhi kabèh. Dhèwèké ora butuh apa-apa saka manungsa.
15. (a) Piyé Paulus njelaské karo wong-wong Athéna nèk meréka ora luwih unggul timbang wong liya? (b) Apa sing isa dipelajari saka Paulus?
15 Gusti Allah nyiptakké manungsa. Wong-wong Athéna percaya nèk meréka luwih unggul ketimbang wong-wong saka bangsa liya, tapi kuwi ora sesuai karo wulangan sing bener ing Kitab Suci. (PT. 10:17) Paulus trampil njelaské topik kuwi, tapi dhèwèké tetep ngati-ati. Paulus ngomong, ”Saka wong siji, [Gusti Allah] nggawé kabèh bangsa sing manggon ing bumi.” Omongané Paulus kuwi nggawé wong-wong sing ngrungokké dadi mikir. (Kis. 17:26) Sing dimaksud saka wong siji yaiku Adam, nènèk moyangé manungsa sing disebutké ing kitab Purwaning Dumadi. (PD. 1:26-28) Merga kabèh manungsa kuwi nènèk moyangé padha, mula ora ana suku utawa bangsa sing luwih unggul. Kabèh sing ngrungokké Paulus mesthi ngerti maksudé. Apa sing isa dipelajari saka Paulus? Mémang pas nginjil awaké dhéwé péngin isa trampil, tetep ngati-ati, lan ngejak mikir wong sing dikabari. Tapi, aja nganti awaké dhéwé ora nduduhké kabèh wulangan sing bener saka Alkitab merga mung péngin nyenengké wong liya.
16. Apa tujuané Gusti Allah nyiptakké manungsa?
16 Gusti Allah kepéngin bèn manungsa cedhak karo Dhèwèké. Meskipun para ahli filsafat sing ngrungokké Paulus kuwi wis suwé debat soal apa tujuané manungsa diciptakké, ning meréka tetep ora ngerti. Tapi, nèk Paulus ngerti tujuané Gusti Allah nyiptakké manungsa, yaiku ”supaya manungsa nggolèki Gusti Allah. Nèk ngupaya tenanan nggolèki, wong-wong kuwi bakal nemokké Gusti Allah. Malah, Gusti Allah kuwi sakjané cedhak karo awaké dhéwé”. (Kis. 17:27) Dadi, wong-wong Athéna isa ngerti sapa sakjané Gusti Allah sing ora dikenal kuwi. Sakjané nèk wong-wong ngupaya tenanan nggolèki lan sinau soal Gusti Allah, meréka mesthi isa cedhak karo Gusti Allah. (Mzm. 145:18) Nah wektu ngomong, Paulus nggunakké kata ”awaké dhéwé”. Kuwi nduduhké nèk wong-wong ing kono, termasuk Paulus, kudu ”ngupaya tenanan nggolèki” Gusti Allah.
17, 18. (a) Kenapa kok manungsa kuduné péngin cedhak karo Gusti Allah? (b) Apa sing isa ditiru saka carané Paulus nyampèkké wulangan sing bener?
17 Manungsa kuduné péngin cedhak karo Gusti Allah. Paulus kandha nèk merga Gusti Allah ”awaké dhéwé isa urip, obah, lan ana”. Ana beberapa ahli sing nyebutké nèk Paulus nggunakké kata-katané Epimenides. Epimenides kuwi penulis sing ana ing Pulau Kréta kira-kira taun 600-501 SM, lan ”ing kebudayaané wong Athéna Epimenides dianggep wong penting”. Terus Paulus ya ngomong ngéné, ”Para penulismu dhéwé kandha, ’Awaké dhéwé ya anak-anaké Gusti Allah.’” (Kis. 17:28) Kuduné manungsa isa cedhak karo Gusti Allah soalé Dhèwèké sing nyiptakké siji manungsa. Terus saka siji manungsa kuwi, kabèh manungsa ana. Paulus nggunakké cara sing menarik bèn wong-wong gelem nampa. Dhèwèké ngutip kata-kata saka penulis Yunani sing dipercaya lan diajèni wong Yunani. e Awaké dhéwé isa niru Paulus. Pas nginjil, awaké dhéwé isa nggunakké keterangan-keterangan saka buku sejarah, ensiklopedia, utawa keterangan liyané sing isa dipercaya. Awaké dhéwé isa nggunakké keterangan-keterangan kuwi kanggo mbuktèkké nèk asal-usul perayaan utawa kebiasaan agama palsu kuwi salah.
18 Paulus wis nyritakké wulangan sing bener soal Gusti Allah. Dhèwèké ya trampil lan nggunakké topik sing cocog. Tapi sakjané Paulus péngin wong Athéna piyé sakwisé ngrungokké penjelasané? Paulus langsung ngandhani wong Athéna soal kuwi.
”Kabèh Wong ing Endi-Endi . . . Kudu Mertobat” (Kis. 17:29-31)
19, 20. (a) Piyé Paulus njelaské nèk wong sing nyembah patung kuwi bodho? (b) Wong-wong sing ngrungokké Paulus kudu piyé?
19 Paulus langsung mènèhi naséhat kanggo wong-wong Athéna. Dhèwèké ngutip manèh tulisan Yunani lan ngomong, ”Merga awaké dhéwé anak-anaké Gusti Allah, mula aja nganggep nèk Gusti Allah kuwi kaya patung saka emas, pérak, utawa watu sing diukir kaya sing dibayangké manungsa.” (Kis. 17:29) Nèk manungsa waé ana merga diciptakké Gusti Allah, dadi ora masuk akal nèk manungsa nggawé Gusti Allah saka patung-patung. Penjelasané Paulus sing masuk akal nduduhké nèk wong-wong sing nyembah patung kuwi bodho. (Mzm. 115:4-8; Yés. 44:9-20) Terus wektu Paulus ngomong ’Awaké dhéwé aja’, kuwi tujuané bèn sing ngrungokké ora pati tersinggung.
20 Terus Paulus ngandhani wong-wong kuwi kudu ngapa. Dhèwèké ngomong, ”Mbiyèn Gusti Allah meneng waé pas wong-wong ora perduli karo Dhèwèké [maksudé wektu wong-wong nyembah patung]. Ning saiki, Dhèwèké martakké marang kabèh wong ing endi-endi nèk wong-wong kuwi kudu mertobat.” (Kis. 17:30) Mungkin, ana wong-wong sing kagèt pas Paulus ngomong nèk meréka kudu mertobat. Tapi kata-katané Paulus nduduhké nèk wong-wong kuwi diciptakké Gusti Allah, makané meréka kudu nyembah Gusti Allah. Meréka kudu nggolèki Gusti Allah, sinau soal Gusti Allah, lan gelem manut. Berarti wong-wong Athéna kudu ngerti nèk nyembah patung kuwi salah lan meréka kudu mertobat.
21, 22. (a) Apa kata-katané Paulus sing terakhir kanggo wong-wong Athéna? (b) Apa manfaaté kata-katané Paulus kanggo awaké dhéwé saiki?
21 Iki kata-katané Paulus sing terakhir kanggo wong-wong Athéna, ”[Gusti Allah] wis nentokké dina kanggo ngadili penduduk bumi liwat salah siji wong sing wis dipilih. Dhèwèké wis nguripké manèh wong kuwi, lan kuwi ditindakké kanggo mbuktèkké marang kabèh wong nèk dina kuwi bener-bener bakal kelakon.” (Kis. 17:31) Merga mengkoné wong-wong bakal diadili ing Dina Pengadilan, kuduné wong-wong Athéna ya ngupaya tenanan nggolèki lan sinau soal Gusti Allah sing bener. Paulus ora nyebutké sapa Hakim sing bakal ngadili, tapi Paulus nyebutké nèk Hakim kuwi wis tau dadi manungsa. Hakim kuwi ya wis mati lan diuripké manèh karo Gusti Allah.
22 Kata-katané Paulus kuwi ya bermanfaat kanggo awaké dhéwé saiki. Awaké dhéwé ngerti nèk Hakim sing dipilih karo Gusti Allah kuwi Yésus Kristus sing wis diuripké manèh. (Yoh. 5:22) Awaké dhéwé ya ngerti nèk Dina Pengadilan kuwi suwéné sèwu taun lan kuwi bakal kelakon sedhéla manèh. (Why. 20:4, 6) Awaké dhéwé ora wedi karo Dina Pengadilan sing bakal kelakon soalé selama Dina Pengadilan kuwi wong-wong sing setya bakal diberkahi Yéhuwah. Awaké dhéwé isa yakin karo harapan kuwi soalé Yéhuwah wis nggawé mukjijat sing luar biasa yaiku nguripké manèh Yésus.
”Ana Wong-Wong sing . . . Dadi Wong Percaya” (Kis. 17:32-34)
23. Bar ngrungokké Paulus, apa waé tanggepané wong-wong ing Athéna?
23 Wong-wong sing ngrungokké Paulus tanggepané béda-béda. Wektu krungu soal wong mati sing diuripké manèh, ”ana wong-wong sing mulai ngécé”. Sing liyané ana sing nolak tapi carané alus. Meréka ngomong, ”Kapan-kapan waé ya aku ngrungokké kowé soal iki.” (Kis. 17:32) Meskipun ana sing kaya ngono, tapi ya ”ana wong-wong sing nggabung karo Paulus lan dadi wong percaya. Ing antarané wong-wong kuwi ana salah siji hakim saka pengadilan Aréopagus sing jenengé Dionisius, wong wédok sing jenengé Damaris, lan wong-wong liyané”. (Kis. 17:34) Pas nginjil, awaké dhéwé ya ketemu karo wong-wong sing tanggepané béda-béda. Mungkin ana sing ngécé utawa ana sing nolak tapi carané alus. Tapi, awaké dhéwé ya mesthi seneng merga tetep ana wong sing gelem nampa kabar apik lan gelem dadi umaté Yéhuwah.
24. Apa sing isa dipelajari saka penjelasané Paulus ing Aréopagus?
24 Saka penjelasané Paulus, awaké dhéwé isa sinau carané ngejak mikir, nggolèk topik sing cocog, lan mbantu wong-wong sing dikabari yakin karo wulangan sing bener saka Alkitab. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya sinau nèk kudu sabar lan ngati-ati wektu ngomong karo wong-wong sing yakin tenan nèk agamané kuwi wis bener. Sing paling penting, aja nganti awaké dhéwé ora nduduhké kabèh wulangan sing bener saka Alkitab merga mung péngin nyenengké wong liya. Nèk niru Paulus, awaké dhéwé isa tambah trampil nginjil lan mulang. Terus, para pinituwa ya dadi luwih trampil pas mulang ing jemaat. Hasilé, awaké dhéwé dadi isa mbantu wong liya ”nggolèki Gusti Allah” lan ”nemokké Gusti Allah”.—Kis. 17:27.
a Deloken kothak ” Athéna Kuwi Pusaté Kebudayaan Jaman Mbiyèn”.
b Deloken kothak ” Pengikuté Èpikuros lan Stoa”.
c Aréopagus ana ing sisih barat laut Akropolis. Ing Aréopagus ya ana mahkamah pengadilan Athéna. Istilah ”Aréopagus” isa berarti jeneng mahkamah pengadilané utawa jeneng bukit ing Athéna. Para ahli nduwé pendapat sing béda-béda, ana sing ngomong nèk Paulus digawa ing bukit kuwi utawa ing cedhaké. Sing liyané ngomong nèk Paulus diadili ing panggonan liya sing mungkin ana ing agora.
d Kata ”donya” ing basa Yunani kuwi kosmos, sing artiné alam semesta. Kétoké Paulus nggunakké kata kuwi bèn wong-wong Yunani sing ana ing kono gelem terus ngrungokké omongané.
e Paulus ngutip puisi soal astronomi sing judhulé Phaenomena sing ditulis Aratus, pengikuté Stoa. Ana tulisan-tulisan Yunani sing kata-katané mèh padha kaya puisi kuwi, misalé Lagu kanggo Zéus sing ditulis Kleantes, pengikuté Stoa.