Upayané Huldrych Zwingli Nggolèk Keterangan sing Bener ing Alkitab
Saiki, wong-wong luwih gampang mastèkké kepercayaané meréka sesuai karo Alkitab apa ora. Tapi sekitar taun 1500-an kuwi angèl, soalé ora ana Alkitab ing basané meréka. Dadi mung beberapa anggota gréja sing isa mastèkké sing diajarké gréja kuwi sesuai karo Alkitab apa ora. Bahkan para pemimpin agamané ora ngerti apa-apa lan ora isa njelaské. Ing buku History of the Christian Church disebutké, ”Wektu kuwi para pemimpin agama ing gréja ing Swiss ora gelem nggolèk keterangan sing bener. Meréka percaya hal-hal gaib lan tingkah lakuné bejat.”
Wektu kuwi Huldrych Zwingli mulai nggolèki keterangan sing bener saka Alkitab. Akhiré dhèwèké ngerti soal apa? Piyé carané dhèwèké nyritakké kuwi karo wong liya? Apa sing isa dipelajari saka kisahé Huldrych Zwingli?
Zwingli Mulai Nggolèk Keterangan sing Bener
Pas umur 20-an, Zwingli péngin dadi pastor Katolik. Wektu kuwi wong-wong sing péngin dadi pastor kudu sinau filsafat, tradhisi gréja, lan tulisan ”Bapak-Bapak Gereja”. Tapi meréka ora dikon sinau Alkitab.
Awalé piyé Zwingli isa ngerti keterangan sing bener soal Alkitab? Pas kuliah ing Basel, Swiss, dhèwèké diwulang karo Thomas Wyttenbach. Thomas ora setuju soal surat pengampunan dosa a sing diedol gréja. Ana penulis biografi sing nulis, ”Saka [Wyttenbach], Zwingli ngerti nèk Kristus mati ping pisan kanggo nyingkirké dosané wong-wong.” (1 Pétrus 3:18) Akhiré Zwingli ngerti nèk mung korban tebusané Yésus sing isa nggawé dosané awaké dhéwé diapura. Kuwi nggawé Zwingli dadi ora setuju karo ajarané gréja nèk anggota gréja kudu mbayar para pemimpin agama bèn dosané diapura. (Kisah 8:20) Tapi Zwingli tetep nglanjutké kuliahé lan dadi pastor pas umur 22 taun.
Wektu umur 20-an, Zwingli sinau basa Yunani bèn isa ngerti tenan isiné Kitab-Kitab Yunani Kristen utawa Perjanjian Anyar. Dhèwèké ya sinau tulisané Erasmus. Saka tulisané Erasmus, Zwingli dadi ngerti nèk mung Yésus sing dadi perantarané Gusti Allah karo manungsa lan kuwi cocog karo sing disebutké ing Alkitab. (1 Timotius 2:5) Mula, Zwingli ora setuju nèk ndonga kudu liwat santo utawa santa, kaya sing diajarké gréja Katolik.
Pas umur 30-an, Zwingli terus berupaya nggolèk keterangan sing bener saka Alkitab. Wektu kuwi ana beberapa perang ing Eropa kanggo memperebutkan Italia, lan Zwingli dadi pastor sing ndhukung perang kuwi. Pas perang Marignano taun 1515, dhèwèké ndelok dhéwé wong Katolik matèni éwonan wong Katolik liyané. Pirang-pirang taun bar kuwi, Zwingli nyalin akèh ayat saka Kitab-Kitab Yunani Kristen lan ngéling-éling kuwi. Taun 1519 dhèwèké manggon ing kutha Zurich, Swiss. Pas ing kono, dhèwèké ngerti nèk ajaran gréja sing ora sesuai karo Alkitab kuduné dihapus. Piyé carané Zwingli mbantu wong liya ngerti ajaran sing bener?
”Ora Ana sing Tau Ceramah Kaya Ngono”
Zwingli yakin nèk wong-wong ngerti ajaran sing bener saka Alkitab, meréka ora bakal percaya karo ajaran sing salah. Pas dadi pastor ing Gréja Grossmünster ing Zurich, dhèwèké ceramah lan ngomong nèk ora bakal macakké lèksionari b ing basa Latin sing biasané diwacakké para pastor. Terus, dhèwèké ya ngomong nèk bakal macakké ayat-ayat saka Alkitab, pasal per pasal saka awal nganti akhir. Pas njelaské ayat Alkitab dhèwèké ora nggunakké ajaran Bapak Gereja, tapi nggunakké ayat-ayat liya kanggo njelaské ayat sing angèl.—2 Timotius 3:16.
Pas ceramah, Zwingli mbahas manfaaté Alkitab kanggo urip saben dina. Dhèwèké mulang pathokan ing Alkitab soal tingkah laku. Zwingli ya ngandhani wong-wong nèk nyembah Maria, ibuné Yésus, ndonga karo para santo, lan ngedol surat pengampunan dosa kuwi salah. Zwingli ya nduduhké nèk tingkah lakuné para pemimpin agama bejat. Piyé tanggepané wong-wong? Sakwisé ngrungokké ceramahé Zwingli, ana beberapa sing ngomong, ”Ora ana sing tau ceramah kaya ngono.” Ana ahli sejarah sing nulis, ”Wektu kuwi ana wong-wong sing ora gelem ing gréja manèh merga meréka ora seneng karo kelakuané para pastor sing bejat lan ora ngerti apa-apa. Tapi sakwisé ngrungokké ceramahé Zwingli, meréka gelem ing gréja manèh.”
Taun 1522, para pemimpin agama njaluk tulung karo para pemimpin politik ing Zurich bèn ngendhegké upayané wong-wong sing ora setuju karo ajarané gréja. Akibaté Zwingli ditudhuh dadi wong murtad, tapi Zwingli ora terpengaruh. Dhèwèké mutuské ora dadi pastor Katolik manèh.
Upayané Zwingli
Zwingli wis ora dadi pastor manèh. Tapi, dhèwèké tetep crita karo wong liya soal Alkitab bèn meréka percaya karo ajaran sing bener. Zwingli dadi dikenal akèh wong lan cedhak karo para pejabat ing Zurich. Merga cedhak karo para pejabat, Zwingli berupaya nggawé perubahan agama ing Zurich. Misalé taun 1523, dhèwèké ngyakinké pejabat pengadilan bèn nglarang wong-wong mulang ajaran sing ora sesuai Alkitab. Taun 1524, Zwingli ngyakinké pejabat pengadilan bèn nglarang penyembahan brahala. Merga bantuané para pendhukungé Zwingli lan wong-wong liyané, para pejabat pengadilan isa nyingkirké altar, patung, gambar-gambar, lan benda-benda sing disembah ing gréja. Kaya sing disebutké buku Zwingli—God’s Armed Prophet, biasané sing njarah panggonan-panggonan ibadah kuwi wong Viking. Tapi, ing Gereja Barat lagi iki wong-wong sengaja ngancurké barang-barang sing ana ing gréja. Taun 1525, Zwingli ya njaluk pamréntah bèn ngubah gréja dadi rumah sakit, lan ngijinké biarawan utawa biarawati nikah. Dhèwèké ya njaluk bèn perayaan Misa diganti karo perayaan sing sederhana lan sesuai karo Alkitab. (1 Korintus 11:23-25) Menurut ahli sejarah, upayané Zwingli nggawé para pemimpin agama lan para pemimpin politik ing Zurich gelem kerja sama. Mula, wektu kuwi dadi ana perubahan soal agama lan ana agama anyar, yaiku Protèstan.
Zwingli ya nerjemahké Alkitab. Pas taun 1520-an, Zwingli kerja sama karo wong-wong sing berpendidikan kanggo nerjemahké Alkitab nganggo cara sing sederhana. Meréka maca saben ayat saka basa asliné, yaiku Ibrani lan Yunani. Meréka ya maca terjemahan Alkitab liyané sing isa dipercaya, termasuk Septuaginta Yunani lan Vulgata Latin. Bar maca, meréka mbahas arti ayaté lan nulis kesimpulané. Merga upayané meréka kanggo nerjemahké lan njelaské isiné Alkitab, hasilé ana Alkitab Zurich sing diterbitké taun 1531.
Mémang niaté Zwingli tulus, tapi dhèwèké ora menghargai pendapaté wong liya lan kadhang kejem. Misalé taun 1525, Zwingli mèlu pas kaum Anabaptis diadili. Meréka diadili merga ora setuju karo ajarané Zwingli nèk bayi kudu dibaptis. Wektu pengadilan mutuské nèk kabèh wong sing nolak baptisan bayi dipatèni, Zwingli setuju karo keputusan kuwi. Zwingli ya berupaya bèn para pemimpin politik kerja sama karo militèr kanggo meksa wong-wong ing Swiss pindhah agama. Tapi, akèh wong Katolik ing beberapa wilayah ing Swiss ora setuju lan nglawan Zwingli. Akibaté ana perang. Zwingli mèlu perang karo tentara Zurich lan mati. Wektu kuwi umuré 47 taun.
Sing Isa Dipelajari saka Zwingli
Mémang ana tokoh-tokoh Reformasi Protestan sing luwih terkenal, misalé Martin Luther lan John Calvin. Tapi Zwingli ya dikenal akèh wong. Ora kaya Luther, Zwingli bener-bener nolak ajarané gréja Katolik Roma. Upayané Zwingli nggawé wong-wong luwih gampang nampa ajarané Calvin. Makané Zwingli disebut Tokoh Ketiga Reformasi Prostestan.
Mémang carané Zwingli ora selalu bener, misalé dhèwèké mèlu perang lan politik. Zwingli ora niru Yésus sing ora mèlu urusan politik. Zwingli ya ora manut ajarané Yésus soal sayang karo wong liya.—Matius 5:43, 44; Yohanes 6:14, 15.
Tapi saka kisahé Zwingli, awaké dhéwé ngerti nèk dhèwèké rajin sinau Alkitab lan berusaha nyritakké sing dipelajari karo wong liya. Akhiré Zwingli nemokké akèh ajaran sing bener saka Alkitab lan mbantu wong liya ngerti sing bener.
a Surat pengampunan dosa biasané ya disebut indulgènsi. Para pemimpin gréja biasané ngedol surat kuwi. Para pemimpin gréja ngomong nèk tuku surat kuwi, hukumané wong-wong ing api penyucian isa dikurangi utawa malah dihapus.
b Lèksionari kuwi buku sing isiné ayat-ayat Alkitab sing wis dipilih kanggo diwacakké selama setaun.