Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Kelaparan Merga Perang ing Ukraina

Kelaparan Merga Perang ing Ukraina

 Tanggal 19 Mei 2022, Déwan Keamanan Perserikatan Bangsa Bangsa éntuk laporan saka 75 pejabat nèk ”saiki ana kelaparan merga pandemi lan pemanasan global. Terus kuwi dadi tambah parah merga perang ing Ukraina”. Ing majalah The Economist ya disebutké nèk ”akèh wong ing sak donya dadi kelaparan merga ana perang”. Ing Alkitab wis diramalké nèk ing akhir jaman bakal ana kelaparan. Tapi ing Alkitab ya ana saran lan harapan kanggo awaké dhéwé.

Ramalan ing Alkitab

  •    Yésus ngramalké, ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana kelaparan.”​—Matius 24:7.

  •    Ing buku Wahyu ana ramalan soal jaran papat lan sing nunggang. Jaran abang nggambarké perang. Terus ing mburiné ana jaran ireng sing nggambarké kelaparan. Kuwi berarti bahan panganan bakal langka lan regané larang. Ing buku Wahyu disebutké, ”Aku ndelok ana jaran ireng, lan sing numpak jaran kuwi nyekel timbangan. Aku krungu ana swara . . . sing ngomong, ’Sak liter gandum regané sak dinar, lan telung liter barli regané sak dinar.’”​—Wahyu 6:5, 6.

 Ramalan-ramalan kuwi wis kelakon saiki ing ”akhir jaman”. (2 Timotius 3:1) Bèn ngerti apa waé sing kelakon ing ”akhir jaman”, deloken vidéo Keadaan Donya Kèt Taun 1914. Nèk péngin ngerti apa maksudé ramalan soal jaran papat ing buku Wahyu, wacanen artikel ”Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?

Saran lan harapan ing Alkitab