Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Piyé Tingkah Lakuné Wong-Wong Saiki?

Piyé Tingkah Lakuné Wong-Wong Saiki?

 Saiki, kelakuané wong-wong padha ora nggenah. Misalé, pasièn sing nesu-nesu karo dokteré, pengunjung rèstoran sing sak pénaké dhéwé karo para pelayan, lan penumpang pesawat sing kasar karo pramugari. Bocah-bocah ya kurang ajar, misalé meréka ngancem, ngécé, lan malah nyerang guruné. Terus, ana pemimpin politik sing senengé nggawé masalah, tapi ya ana pemimpin politik sing berupaya bèn dhèwèké kétok apikan.

 Ing Alkitab ana naséhat soal kudu piyé bèn isa dadi wong sing apikan. Terus ya ana keterangan kenapa wong-wong jaman saiki padha ora apikan.

Kelakuané wong-wong saiki

 Akèh wong saiki tingkah lakuné ora nggenah, ora sopan, lan ora apikan.

  •   Menurut survéi saka Gallup, wong-wong ing Amerika Serikat setuju nèk selama 22 taun iki sifat lan kelakuané wong-wong ing kono saya ora nggenah.

  •   Terus, ana survéi liyané. Ana 32.000 wong saka 28 negara sing ditakoni, 65 persèné ngomong nèk kelakuané wong-wong saiki tambah ora nggenah.

 Kelakuané wong-wong saiki wis diramalké ing Alkitab.

  •   ”Kowé kudu ngerti nèk ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya. Wong-wong bakal mung mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké harta, nyombongké dhiri, rumangsa hébat, seneng ngrèmèhké, ora manut karo wong tuwa, ora nduwé rasa maturnuwun, . . . kejem, [lan] sengit karo apa sing apik.”—2 Timotius 3:1-3.

 Keterangan luwih akèh soal ramalan iki dirembug ing artikel sing judhulé ”Apa Kelakuané Wong-Wong Saiki Mémang Wis Diramalké ing Alkitab?

Naséhat bèn isa dadi wong sing luwih apik

 Meskipun saiki akèh wong sing kelakuané ora apik, tapi tetep ana wong-wong sing kelakuané apik merga meréka ngetrapké naséhat ing Alkitab. Soalé, naséhat ing Alkitab kuwi ”isa diendelké nganti saklawasé”. (Mazmur 111:8) Misalé:

  •   Ayat: ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.”—Matius 7:12.

     Artiné: Nèk njenengan péngin wong liya apikan lan menghargai njenengan, njenengan ya kudu menghargai lan apikan sik karo wong liya.

  •   Ayat: ”Saiki, sakwisé kowé nyingkirké kabèh sing ora bener, saben wong ing antaramu kudu ngomong jujur karo liyané.”—Éfésus 4:25.

     Artiné: Perbuatan lan omongané awaké dhéwé kudu jujur.

 Nèk péngin ngerti keterangan liyané, wacanen: