Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pertanyaan saka Pembaca

Pertanyaan saka Pembaca

Sapa sing dimaksud ”para malaékat sing dipilih” sing disebutké ing 1 Timotius 5:21?

Rasul Paulus nulis kanggo Timotius, sing wektu kuwi ya wis dadi pinituwa, ”Aku mènèhi kowé préntah ing ngarepé Gusti Allah, Kristus Yésus, lan para malaékat sing dipilih, bèn kowé nindakké petunjuk-petunjuk iki ora karo mbédak-mbédakké wong utawa pilih kasih.”—1 Tim. 5:21.

Sapa sing dimaksud ”para malaékat sing dipilih” kuwi? Sing jelas, meréka dudu bagéan saka 144.000. Wektu Paulus nulis surat kuwi kanggo Timotius, durung ana wong pilihan sing munggah swarga. Para rasul lan wong-wong pilihan liyané ya durung dadi makhluk roh. Dadi ora mungkin sing dimaksud kuwi meréka.—1 Kor. 15:​50-54; 1 Tés. 4:​13-17; 1 Yoh. 3:2.

Terus, ”para malaékat sing dipilih” kuwi ya dudu para malaékat sing mbrontak pas jamané Banjir Gedhé. Para malaékat kuwi luwih milih mihak Sétan lan dadi roh-roh jahat. Yésus nganggep meréka mungsuhé. (PD. 6:2; Luk. 8:​30, 31; 2 Ptr. 2:4) Sukmbèn, Yésus bakal nguncalké meréka ing jurang sing jero banget nganti 1.000 taun. Bar kuwi, para malaékat sing mbrontak lan Sétan bakal disingkirké saklawasé.—Yud. 6; Why. 20:​1-3, 10.

Dadi, ”para malaékat sing dipilih” kuwi mesthi para malaékat ing swarga sing setya karo ”Gusti Allah [lan] Kristus Yésus”.

Para malaékat sing setya jumlahé ana puluhan èwu. (Ibr. 12:​22, 23) Kétoké, saben malaékat tugasé béda-béda. (Why. 14:​17, 18) Misalé, ana sing tau dikon Yéhuwah matèni 185.000 tentara Asiria. (2 Raj. 19:35) Terus ya ana beberapa malaékat sing mungkin dikon Yésus ”nglumpukké wong-wong sing nglanggar hukum lan sing nyebabké wong liya dosa. Wong-wong kuwi bakal ditokké saka Kerajaané”. (Mat. 13:​39-41) Ana manèh malaékat sing mungkin ’nglumpukké wong-wong pilihan’ ing swarga. (Mat. 24:31) Terus, ya ana sing dipréntahké ’kanggo nglindhungi umaté Yéhuwah ing endi waé meréka lunga’.—Mzm. 91:11; Mat. 18:10; bandhingna Matius 4:11; Lukas 22:43.

Dadi, ”para malaékat sing dipilih” kuwi maksudé para malaékat sing éntuk tugas khusus sing ana hubungané karo umaté Gusti Allah. Nèk ndelok kontèksé, naséhaté Paulus ing 1 Timotius 5:21 kuwi kanggo para pinituwa sing kudu diajèni para sedulur. Paulus ngomong nèk para pinituwa ora éntuk ”mbédak-mbédakké wong utawa pilih kasih” lan sakdurungé nggawé keputusan kudu mikir tenanan sik. Lha ngapa? Paulus ngomong nèk para pinituwa kuwi nglayani ”ing ngarepé Gusti Allah, Kristus Yésus, lan para malaékat sing dipilih”. Maksudé, Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat sing dipilih kuwi ngawasi wektu para pinituwa melakukan tugasé. Dadi jelas nèk ana malaékat sing éntuk tugas kanggo mbantu jemaat, misalé nglindhungi umaté Gusti Allah, ndhukung kegiatan nginjil, lan ngekèki laporan ing Yéhuwah.—Mat. 18:10; Why. 14:6.